masiyo wis moco bolak-balik tapi sing jenenge humor suroboyoan ancen tetep lucu hehehe...
salam, aduH L-13 A2-1/95 2007/6/15, semut rozi <[EMAIL PROTECTED]>: > > ARGOWILIS > Onok wong papat podho gak kenale numpak > sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung. > Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. > Ketokane termasuk keluarga ningrat lek > ndhelok pacakane. > Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu > koyok covergirl majalah umure sekitar 20an. > Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok > tentara berseragam dinas, lengkap karo > tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an. > Sebelahe tentara mau onok arek lanang > gondrong umure 25an. Ketokane rocker. > Selama perjalanan, wong papat iku > ngobrol macem-macem. > Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan > athik lampune mati, dhadhi petengan pol. > Wong papat iku malih meneng kabeh. > Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun > terus mari ngono suorone wong dikaplok > PLAK..!!!. > Wis mari ngono sepi maneh. > Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat > arek wedhok sebelahku iki, isok menjaga > harga diri, gak gelem diperlakukan > sembarangan" . > Sing arek wedhok sebelae yo mbatin > pisan,"Gak salah tah, sing ngesun mau > iku, wong onok arek ayu koyok aku kok > malah nenek-nenek tuwek sing disun". > Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap > pipine sing kenek kaplok melok mbatin > pisan,"Jangkrik, gak melok ngesun tapi > kenek kaplok. Dikiro aku pengecut tah, > lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. > Wah tersinggung aku". > Arek rocker iku karo ngempet ngguyu > melok mbatin pisan,"Kapan maneh rek, > isok ngaplok kolonel gathik konangan. > Padahal sing tak sun mau iku tanganku > dhewe". > > > --------------------------------- > Kunjungi halaman depan Yahoo! Indonesia yang baru! > > [Non-text portions of this message have been removed] > > > -- aduH L-13 -------------------------------------------------- Gak ono tapi ono, ono tapi gak ono [Non-text portions of this message have been removed]